Sore kae Ramlan ketemu Sulis seng gowo tas ireng gedi nang deso kali bening
Masyallah lis!?? Opo kui seng mbok gowo gedi men?? Jarek Ramlan karo wajah bingung.
Iki lo mas aku gowo beras di kei pakde ku! Sulis Karo nunjuk tas Ireng e.
Loh beras kok mbok dekek nang tas ireng, gedi meneh !?? Ramlan jek bingung.
—-
Lohh la ngopo emng mas? Sak karep ku to, la wong aku seng gowo kok!!!Sulis karo mbentak.
Heleh uduk beras pasti kui, ngapusi koe. Mosok mbok depek nang tas Ireng?!!ramlan jek penasaran.
—-
Lah mas kok ngeyel to, wong aku seng nggowo karo ngelebok kek beras e kok! Mas ki ra reti ojo ngeyel! Sulis Misoh misoh karo Ramlan.
Uduk ngono lis, aku yo bingung kok iso beras mbok depek nang tas kreatip men hahah juga an saiki jek jaman teroris teroris ngono?? Ramlan nyeramahi Sulis.
Loh mbok pikir aku teroris to mas! Sulis ngamok.
—-
Uduk ngono maksute, koe sesok meneh nek gowo beras yo ojo nggo tas, opo eneh ireng engko dikiro wong ngopo, aku yo gor ngek i saran wae ben ora enek wong seng mikir e koyo aku mau walapun isine beras— Ramlan panggah nyeramahi.
Lah yo mbok ben to, wong isine emng beras kok! Sulis mulai ngamok.
—-
Yo uduk ngono lo lis, wong kan mikir e bedo bedo, aku mikir e koe gowo bom koyo teroris, mboh wong lio, mungkin enek seng mikir koe begal gowoni tas Ireng isine badek, mungkin meneh enek wong seng mikir koe gowo duit. Nah koe kan gak mungkin njelaske ke wong wong. Sesok eneh nek gowo gor beras yo di plastik ki puteh kae lo tuku nang kang sidal!! Ramlan Panggah nyeramahi
Los lah mas sak karep karep ku!! Sulis langsong minggat.
—-
Djancok, dikei saran seng apik malah ngunu dasar anak e kang parlan angel nek diomongi! Ramlan tepok jidat karo ngelus dodo